Tangguhipun Duwung

     Ing ngandap punika nerangaken : Tangguhipun Duwung namanipun SUPA saha Nagarinipun. Ijasanipun para DEWA, para NATA, para AGUNG ing Djaman Kadewan ngantos dumugi Karadjaan Surakarta nalika sugengipun Pandjenengan Nata Ingkang Sinuhun Pakubuwono Kaping IX, Ing Ngajogjakarta Pandjenengan Nata nalika sugengipun Ingkang Sinuwun Sultan Hamengkubuwono Kaping VII


  1. KALA BENDIWAN, Dewa gangsalwelas sami damel ijasa Duwung njatunggal, Dapur satunggal. Tosanipun alus anglumer bludru, Gandjanipun wijar radi tjendek, Gandik radi sebok, landung, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokan tjijut landung, ing djero resik alus sanget, dedeg radi tjendak, radi kandel anglimpa, pamoripun njalaka, tosanipun garing radi alus.
  2. Para Dewa dawuh dateng Empu RAMADI lan Empu ANGGADJALI, tosanipun alus anglumer mbludru, Gandjanipun kandel wijar pandjang, gandik sebok, tikel alise pedjetan wijar tjekak lan tjetek, sogokan wijar lan tjetek landung, siwilah sedengan, kandel tipise lan dedege sedengan, pamorane njalaka, kembang katjang ageng gabog, pandamelipun tanpa latu wonten satengahing seganten.
  3. Para Dewa dawuh dateng Empu WISWKADI, ingkang raji Empu WISMAKARMA kinen damel duwung gandjanipun batok mengkurep, kandel wijar radi tjelak, gandik sebok tikel alise pedjetan sogokan wijar tjetek landung, tosan alus sanget, wilah radi kandel dedeg radi kirang, tosan alus lumer ngglugud garing, pamoripun sami njalaka, kembang katjang gabog.
  4. Para Dewa dawuh dateng Empu RASIKADI, karan nama Empu BRAHMANI, kinen damel gandjanipun kandel wijar tjelak, gandik sebok ageng pandjang, tikel alise pedjetan sogokan sami wijar landung lebet, siwilah kandel tjelak, tosanipun alus anglumer mbludru garing, pamoripun pating blontong njalaka.
  5. Para Djawata ijasa dedamel, dawuh dateng Empu SUKATKADI, gandjane ngutjeng mati, ageng wijar sebok kandel radi tjelak, gandik pandjang radi sebok, tikel alise pedjetan sogokan sami tjijut, tjekakane tjetek alus resik sanget, siwilah kandel dedeg radi sedengan, tosanipun alus nglumer mbludru garing sanget, pamoripun radi ngawat njalaka.
  6. Djaman Sri Gataju (Dewakusuma Marabangun) gandjane batok mengkurep radi pandjang kandel wijar sebok, Gandik ageng sebok pandjang, tikel alise pedjetan sogokan wijar tjetek landung sami resik alus sanget, siwilah nglimpa dedeg radi kirang, tosanipun alus nglugud garing, pamoripun njalaka.
  7. Djaman PADJAJARAN, Bandaransari, Mundingsari, Pamekasan, Djakasuruh. Gandjane batok mengkurep kandel wijar radi pandjang, gandik ageng sebok radi pandjang, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokane tjijut landung tjetek, resik sanget, siwilah kandele sedengan, dedeg radi tjendak, wesine alus nglumer mbludru, pamorane radi agal sami njalaka selap-selap sadaja.
  8. Djaman MADJAPAIT, Bondankadkawan, Getas Pandawa. Gandjane batok mengkurep sirah tjetjak lintjip kandel wijar radi tjendak, gandik ageng sebok landung, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokan wijar tjetek landung, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokan wijar tjetek landung, siwilah kandel dedege sedengan, wesine alus anglumer garing sedengan, pamorane njelap-njelap sami njalaka radi alus.
  9. KUWUNG PADJADJARAN, gandjane batok mengkurep, gandik landung pandjang sebok, tikel alise pedjetan sogokan wijar landung tjetek, resik alus sanget, siwilah radi kandel, dedeg sedengan tjelak sekedik, wesine alus nglumer nglugud, garinge sedengan, pamorane lamat-lamat kang njalaka sekedik.
  10. SIJUNG WANARA, gandjane radi ngutjeng mati, sirah tjetjak sebok wijar kandel pandjange sedengan, kembang katjang gabog, tikel alise, pedjetan sogokan sami wijar landung tjetek resik alus sanget, siwilah kandele sedengan, dedeg sedengan, luk-lukane radi arang, wesine alus nglumer bludru garinge sedengan, pamorane lamat-lamat sami selap-selap njalaka. Dene tjirine tapak asta seratipun djempolan taksih katingal, pandemelipun tanpa latu.
  11. KALAWELANG, gandjane alit ngutjeng mati, gandik radi gepeng, kembang katjang alit gabog, tikel alise tjijut landung, pedjetan wijar landung tjetek, sogokane tjetek landung sami resik alus sanget, Siwilah radi tipis wijare lan dedege sedengan, wesine alus nglugud garing, pamorane pasang malang-malang sami selap njalaka, mboten keras.
  12. SUMBRO PADJADJARAN, gandjane kandel wijar tjekak, gandik pandjang, pedjetan wijar tjetek, siwilah wijar radi tipis radi tjendak. Nalika pandamelipun tanpa latu taksih katingal tapakipun djempolan dekok-dekok. Sekare tipis ngintip, tjirine wesi kapuntir putjuk wesi bolong.
  13. SUNKUH, gandjane ngutjeng mati radi mbulug radi pandjang, gandik ageng pandjange sedengan, kembang katjang gabog, tikel alise pedjetan wijar tjetek landung, sogokan tjijut tjetek landung, kandele wilah sedengan, pandjang dedege sedengan. wesine alus nglugud garing sanget tanpa pamor, pamorane katjitak nginta gambarane Batara Guru, sak panunggalane Dewa, nalika pandameling panjitak, luk-lukane arang.
  14. SUPA MADJAPAIT, gandjane sirah tjetjak ngutjeng mati sebok, ageng, pandjange sedengan, gandik memel sebok, kembang katjang gabog, tikel alise sedeng, pedjetan sogokan sami wijar tjetek radi tjekak, resik alus sanget. Siwilah dedeg sedengan, luk-lukane sedengan, wesine alus anglumer mbludru garing. Pamorane ngawat sami selap-selap njalaka.
  15. DJIGDJA MAJAPAIT, gandjane ngutjeng mati sedengan, gandik sebok, kembang katjang gabog, tikel alise sedengan, pedjetan sogokan tjijut landung tjetek, resik alus sanget. Siwilah radi gilig, dedeg sedengan, wesinipun alus nglugud garing, pamorane ngawat katah sami selap-selap njalaka, luk-lukane kirang keker.
  16. SUPATAPA MADJAPAIT, gandjane ngutjeng mati kandel wijar, pandjange sedeng, gandik radi gilig radi pandjang, tikel alise sedengan, pedjetan sogokan tjijut wijar tjetek landung, sogokan tjijut tjetek radi tjekak, resik sanget, siwilah radi gilig dedeg sedengan, wesine alus nglugud, pamorane radi ngawat kang njalaka sekedik.
  17. SUPA BLAMBANGAN, gandjane sirah tjetak ngutjeng mati radi sebok radi sebut luntar, gandik sebok radi mbulug kembang katjang gabog, tikel alise radi djero, pedjetan sogokan wijar djero radi landung, siwilah radi kandel, dedeg sedengan, luk-lukane bagus wesine alus anglumer, ngula dumung garing. Wondone pamore agal kelangkung keras, pasangane pamor selap pasang adeg miring, sami mubyar salaka.
  18. PITRANG BLAMBANGAN, gandjane kandel wijar pandjange sedengan, gandik radi gilig landung sebok, tikel alise sedengan, pedjetan wijar djero landung, sogokan djero landung radi tjijut. Siwilah radi kandel dedeg sedengan, wesi alus anglugud ngula dumung garing sanget, pamorane adeg pasang miring, keras landep, sadaja mubayar petak salaka.
  19. SUPA SEDAJU, gandjane sirah tjetjak ngutjeng mati sebok sebut luntar, gandik ageng sebok, kembang katjang gabok, tikel alise radi djero wijar landung, pedjetan wijar tjetek radi tjekak, sogokan radi tjijut landung tjetek, resik alus sanget, siwilah kandele sedengan, dedeg sedengan, luk-lukane bagus, wesine anglumer mbludru radi garing, pamorane radi agal sami selap-selap salaka.
  20. SUPAKELENG SEDAJU, gandjane sirah tjetjak ngutjeng mati sebog sebut luntar, gandik sebog memel ageng, kembang katjang gabog, tikel alise pedjetan wijar tjetek landung, sogokan tjijut landung tjetek, siwilah kandel, luk-lukane bagus dedeg sedengan, wesine alus nglumer mbludru, ireng ngula dumung tanpa pamor.
  21. TIRIS SEDAJU, gandjane lintjip sebut luntar sebok, gandik ageng sebok, kembang katjang ageng gabog, tikel alise pedjetan sami djero wijar landung resik alus sanget, Siwilah kandel dedeg sedengan, wesine alus nglumer, pamorane blarak ngirit, kembang anggrek, kembang pala, sami mubyar salaka.
  22. SENDANG PANGERAN SEDAJU, gandjane wilun kalijan lintah radi tjekak, gandik radi gilig, kembang katjang ageng gabog, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokane tjijut tjetek sedengan landung, siwilah kandel radi gilig, dedeg sedengan, wesine alus anglumer radi garing, luk-lukane kirang keker, pamorane tipis sami selap-selap njalaka.
  23. SUPAKA SAMAPURA, gandjane kandel pandjang, gandik sebok radi pandjang, kembang katjang ageng gilig gabog, tikel alise pedjetan sogokan sami wijar landung djero resik alus sanget, siwilah ageng kandel dedeg sedengan, luk-lukane bagus, wesine alus anglumer garing, pamorane agal sami selap-selap njalaka.
  24. SUPA DEMAK, gandjane ngutjeng mati sebok radi tjendak, gandik sebok kembang katjang gabog, tikel alise pedjetan wijar tjetek landung, sogokane tjijut tjetek tjekak alus sanget resik, siwilah radi kandel, dedeg sedengan, wesine alus nglugud garing, pamorane ngeduk sami selap-selap slaka.
  25. SUPA SETRABANJU, gandjane ngutjeng mati sebut luntar, gandik radi ageng kembang katjang alit gabog, tikel alise pedjetan wijar tjetek landung, sogokan wijar djero tjekak, wilah kandele sedengan dedege sedengan wesine alus anglumer, wesine kirang garing.
  26. SUPA SETRAGENI, gandjane kandel radi pandjang alit, gandhik radi alit, kembang katjang alit bunder sanget, tikel alise pedjetan landung tjetek, sogokane tjetek wijar pandjang, siwilah radi kandel radi ageng, dedeg radi landung, luk-lukane radi arang, wesine alus anglugud garing sanget, sekare adeg ngeduk agal.
  27. BEKEL DJATI TUBAN, gandjane radi batok mengkurep, radi tjedak sebok wijar kandelipun sedengan, gandik landung memel, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokane wijar djero landung, siwilah radi kandel dedeg sedengan, wesine alus anglugud, luk-lukane bagus, pamorane sami mubyar salaka.
  28. TUBAN SALAHITA, gandjane radi gilig sebok radi pandjang sarta kandel, gandik radi gilig ageng radi landung, tikel alise pedjetan wijar tjetek tjekak, sogokane tjetek tjijut radi tjekak, siwilah kandel dedeg sedengan, luk-lukane radi arang, wesine alus anglumer garing, pamorane agal sami selap selap slaka.
  29. TUBAN TEPAS, gandjane ngutjeng mati radi kandel pandjange sedengan, gandik radi alit kembang katjang gabog, tikel alise pedjetan sogokan tjetek tjijut landung resik alus sanget, siwilah radi kandel dedeg sedengan, luk-lukane sedengan, wesine alus anglugud garing sanget, pamorane radi ngawat alus sami njalaka.
  30. TUBAN MODIN, gandjane ngutjeng mati kandel wijar sedengan, gandik ageng sebok memel landung, kembang katjang ageng gabog, tikel alise pedjetan djero wijar landung, sogokane tjijut tjetek landung, siwilah kandel dedeg sedengan, wesine alus anglumer garing, tanpa pamor.
  31. TUBAN ADJAN, gandjane radi lintjip, miring sirahe tjetjak kandel wijar pandjang, gandik ageng radi gepeng, tikel alise pedjetan wijar tjetek landung, sogokane tjetek tjijut radi tjekak, siwilah kandel lan dedeg sedengan, wesine alus anglumer kirang garing, kembang katjang bunder sanget, luk-lukane sedengan, pamorane selap-selap njalaka.
  32. TUBAN SURATATMAN, gandjane radi batok mangkurep kandel wijar pandjange sedengan, gandik ageng sebok memel landung, tikel alise pedjetan wijar landung tjetek, sogokane tjetek wijar landung, siwilah sedengan ngadal meteng, luk-lukane bagus, dedeg sedengan wesine alus anglumer garing, pamorane agal sami selap-selap njalaka.
  33. TUBAN PANETI, gandjane bulug pandjang, gandik ageng lan pandjange sedeng, tikel alise pedjetan sogokan wijar tjetek landung, siwilah kandel lan dedege sedengan, wesine alus anglumer garing sanget, luk-lukane sedengan pamorane alus sami njalaka.
  34. SUPA PADJANG KJAHI HUMJANG, gandjane lintjip sirah tjetjak sebut luntar radi tjendak, gandik ageng sebok memel, kembang katjang ageng gabog, tikel alise pedjetan wijar djero tjekak, sogokane djero wijar tjekak, siwilah kandel dedege sedengan, luk-lukane kekeker, wesine alus anglumer garing sanget, pamorane mubyar salaka.
  35. PADJANG KJAHI KEDE, gandjane sebut luntar lantas, gandik sedengan kembang katjang sedengan, tikel alise pedjetan sogokane sami wijar djero tjekak radi ngere, siwilah kandel, dedeg radi pandjang, luk-lukane keker radi ngere, wesine alus anglumer garing, pamorane mubyar salaka.
  36. TUNDUNG MADIJUN, gandjane sirah tjetjak lintjip, sebok sebut luntar radi tjekak, gandik sebok ageng kembang katjang gabog ageng, tikel alise pedjetan djero wijar landung, sogokane wijar tjekak djero, siwilah kandel, dedeg sedengan, luk-lukane radi keker, wesine alus nglumer kirang garing, radi welu, pamorane sami selap-selap njalaka.
  37. KJAI MATJAN SURABAYA, gandjane sebok sebut luntar, gandik ageng sebok kembang katjang ageng gabog, tikel alise pedjetan sogokan wijar djero landung, resik alus sanget, siwilah ageng kandel dedeg sedengan, luk-lukane kirang keker, wesine ngulo dumung alus nglumer, pamorane mubyar sami salaka sadaja.
  38. SUSUHUNAN ING GIRI, gandjane batok mengkurep miring kandel tjendak wijar, gandik ageng sebok memel, kembang katjang ageng gilig, tikel alise pedjetan sogokan wijar djero landung, resik alus sanget, siwilah kandel wijar, dedeg sedengan, luk-lukane kirang keker, wesine alus anglugud garing, pamorane ngeduk alus mubyar sami njalaka.
  39. KJAI DJANAS, gandjane batok mengkurep sedengan, gandik landung sedeng kembang katjang gabog, tikel alise pedjetan tjetek landung wijar, resik alus sanget, siwilah kandele sedengan. dedeg sedengan, wesine alus nglumer mbludru ireng ngulo dumung, pamorane sami ngawat njalaka (alus putih).
  40. LANANGE MAHA KUDUS, gandjane ngutjeng mati sebok, gandik sedengan ageng landung, tikel alise pedjetan sogokan tjekak landung wijar, resik alus sanget, siwilah sedengan kandel, dedeg sedengan, wesine alus nglumer mbludru ngulo dumung, kembang katjang gabog sedengan, dedege lukke kirang keker, pamorane ngawat njalaka.
  41. UPA TJREBON, gandjane ngutjeng mati sebok, sirah tjetjak miring, gandik tjendak, tikel alise pedjetan sogokan djero landung wijar, resik alus sanget, kandele lan dedege sedengan, wesi alus anglugud garing sanget, pamorane sami ngawat sekar gadjih sadaja, sing ngangge tikuse minggat.
  42. SUPA KORIPAN, gandjane ageng sebok sebut luntar, kembang katjang ageng gandik ageng sebok, tikel alise pedjetan sogokan sami wijar tjetek landung, siwilah kandel dedeg sedengan, luk-lukane kirang keker, wesine alus ngluner kirang garing, pamorane gadjih alus sami welu.
  43. JASANIPUN INGKANG SINUHUN KANGDJENG SULTAN AGUNG ANJAKRAKUSUMA, gandjane sebut luntar, gandikipun sedengan, kembang katjang ageng gabog, tikel alise pedjetan sogokan wijar djero landung, siwilah kandele lan agenge sedengan, dedeg radi landung, wesine alus nglumer mbludru ngulo dumung, garinge sedengan, pamorane mubyar salaka sadaja, luk-lukane sedeng kirang keker.
  44. KJAHINOM MENTARAM, gandjane sebut lontar radi gilig, gandik sedengan agenge radi landung, kembang katjang ageng gabog, tikel alise pedjetan sogokan djero landung wijare sedengan, siwilah radi kandel, dedeg sedengan, wesine alus nglumer bludru garinge sedengan, pamorane alus sami njalaka, pantek gandja djene.
  45. JASANIPUN KANGDJENG PANEMBAHAN SENOPATI ING NGALAGA MANTARAM, gandjane sebok sebut lontar, gandik ageng sebok memel, kembang katjang ageng gabog, tikel alise pedjetan sogokan sami wijar djero landung. Siwilah kandel dedeg sedengan, luk-lukane radi keker, wesine alus nglugud garing sanget, pamorane radi alus sami njalaka.
  46. KJAHI GULING MENTARAM, gandja sebok sebut luntar radi tjekak, gandik sebok kembang katjang gabog, tikel alise pedjetan widjar djero landung, sogokane djero wijar radi tjekak, siwilah kandel radi gilig, dedeg sedengan, lukane radi keker, wesine alus anglumer garing sanget, pamorane radi agal semi njalaka, tjirine peksi kapuntir.
  47. KANDJENG SULTAN KINDANG MENTARAM, gandjane ageng sebok sebut luntar pandjang, gandik ageng landung, kembang katjang ageng gabog, tikel alise pedjetan sogokan sami wijar tjetek landung, siwilah kandele sedengan, dedegipun radi pandjang, luk-lukane kirang keker, wesine alus anglugud garing sanget, pamorane ngintip sami selap-selap njalaka.
  48. KJAI DJENU MENTARAM, gandjane sebut lontar alit tipis, gandik alit radi gepeng, kembang katjang alit, tikel alise pedjetan sogokan wijar djero landung, siwilah radi tipis, luk-lukane kirang keker, dedeg sedengan, wesi alus kirang garing, pamorane alus gadjih sadaja.
  49. EMPU DOMAS ING MENTARAM, Nagari Mataram sami nglempakaken kakatahipun Empu-empu ing pundi-pundi, kadawuhan ambekta tjalan pijambak-pijambak, kadawuh ndadosaken wonten ing Mentaram, sadaja Empu sampun sami nglempak sak sampun sami mbabar, kasiken taksih bekta Nagarinipun pijambak-pijambak, udjud mentawis nanging pamoranipun mboten purun dateng Mentawis, amung agal tojane Mentawis, sedetipun Nagarinipun Supa pijambak-pijambak.
  50. BALI, gandjane sebut luntar kirang membat, gandhik para digilig nistakawan siwilah, tanpa pamor, kados sudjen ampel kandelipun, wesine kirang alus radi alit, dedeg sedengan, tikel alise pedjetan djero wijar tjekak tjijut, siwilah kandel sedengan kirang dedeg, wesine kirang alus, pamorane sekedik agal njalaka, wesine teles.
  51. SERANG, gandjane alit tjendak tipis, gandhik radi gepeng tjekak, tikel alise pedjetan tjijut tjekak, siwilah kandele sedengan, kirang dedeg, wesine kasar kirang alus, pamorane sekedik agak njalaka.
  52. KELENG PITURUH, gandjane batok mengkurep kandel wijar pandjange sedeng, gandik pandjang sebok ageng, tikel alise pedjetan wijar tjetek landung resik alus sanget, siwilah kandel nglimpa, dedeg sedengan, wesine alus garing sanget, tanpa pamor.
  53. GUNUNG TAWANG, gandjane mbulug pandjang, gandik gepeng ageng pandjang, tikel alise pedjetan wijar tjetek tjekak, siwilah kandel, dedeg landung, wesine alus kirang radin kirang garing, tanpa sekar (pamor), sekarane sanak lamat-lamat.
  54. DIPASUTA MATESIH, gandjane kandel radi mbatok mengkurep radi tjendak, gandik gilig pandjang, tikel alise pedjetan djero wijar landung resik sanget alus, siwilah kandele sedengan, dedeg sedengan, wesine alus anglugud kirang garing, pamorane adeg agal ler-leran putih mboten njalaka kirang keras.
  55. TINGKIR, kawastanan Tingkir gandjane ngutjeng mati sebok radi tjekak, gandik sedengan, kembang katjang gabog, tikel alise pedjetan lan sogokan wijar tjetek landung sami resik alus sanget, siwilah kandel, agenge sedengan lan dedege, wesine alus anglugud garing, pamorane alus mandes sami selap-selap njalaka.
  56. JASANIPUN INGKANG SINUHUN MANGKURAT KARTASURA, gandjane nguceng mati radi batok mengkurep pandjange sedengan, gandik sebok sedengan landunge, tikel alise pedjetan sogokan wijar tjetek landung, resik alus, anglugud garing sanget, siwilah kandel lan dedege sedengan, luk-lukane bagus, pamorane ngawat sami selap-selap njalaka.
  57. JASANIPUN INGKANG SINUHUN BAGUS PB IV, Empu Supa Bradjaguna, gandjane sebok radi sebut luntar, wijar radi kandel, gandik radi landung ageng sebok, tikel alise pedjetan wijar djero landung sami resik alus sanget. siwilah kandel anglimpa kirang dedeg, wesine alus anglugud, pamorane ngawat sae Prambanan sadaja.
  58. JASANIPUN INGKANG SINUHUN BAGUS PB IV, sisihanipun Bradjaguna nama Empu Supa Djakarija, gandjane ageng sebok sirah tjetjak lintjip sebut luntar, gandik ageng sebok landung, tikel alise pedjetan wijar djero landung resik sanget alus, siwilah kandel radi gilig, dedeg radi pandjang, luk-lukane kirang keker, wesine alus anglugud garing sanget, pamorane pasang miring ler-ler rangkep tiga dados adeg ageng, prambanan sadaja.
  59. JASANIPUN INGKANG SINUHUN PB KAPING V, Empu Supa Bradjakarja, gandjane sirah tjitjak lintjip kandel wijar pandjang sebut luntar, gandik ageng sebok landung, tikel alise pedjetan wijar djero landung, resik alus sanget, siwilah kandel ageng dedeg pandjang, wesine alus anglugud garing sanget, pamorane agal sadaja Prambanan.
  60. JASANIPUN INGKANG SINUHUN PB KAPING V, Empu sisihanipun Brajakarja Nama Supa Redjen, gandjane lintjip sirah tjetjak sebok sebut luntar radi tjendak, gandik ageng sebok pandjange sedengan, tikel alise pedjetan wijar djero landung sami resik alus sanget, siwilah kandel dedeg sedengan, wesine alus anglumer garing sanget, pamorane radi alus-alus sami Prambanan sadaja.
  61. JASANIPUN INGKANG SINUHUN PB KAPING VII, Empu Supa Djapan, gandjane sebut luntar radi pandjang, gandik radi gilig landung ageng, tikel alise pedjetan sogokan wijar djero landung resik alus sanget, siwilah ageng kandel, dedeg landung wesine alus anglumer kirang garing, pamorane ngawat sekar Prambanan sadaja.
  62. JASANIPUN INGKANG SINUHUN PB KAPING VII, Empu sisihanipun Djapan nama Supa Pradjaja, gandjane ageng sebok sebut luntar, gandik ageng sebok, siwilah radi wijar kandel, luk-lukane kirang keker, dedeg sedengan, wesine alus anglumer mbludru garinge sedengan, pamorane radi agal sami Prambanan sadaja.
  63. JASANIPUN KANGDJENG PANGERAN HARJA MANGKUBUMI SURAKARTA, Empu Supa Bradja Setika, gandjane ageng sebok sebut luntar, gandik ageng sebok, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokane landung tjitjut djero, bawang sebungkul bunder kados bawang, siwilah kandel, wesine alus anglumer mbaludru, pasangan pamor radi miring agal keras.
  64. JASANIPUN KANGDJENG PANGERAN HARJA DJAJAKUSUMA SURAKARTA, gandjane sebut luntar pandjang ageng kandele sedengan, tikel alise pedjetan sogokan sami djero tjijut, landunge sedengan, siwilah radi gilig kandele, ngadal meteng, dedeg sedengan, wesine alus anglumer mbludru, pamorane radi alus sami sekar Prambanan sadaja, tjirine pinggir pedjetan pinggir sogokan sami dipun lis sadaja.
  65. JASANIPUN INGKANG SINUHUN PB KAPING IX SURAKARTA, Empu Supa Djapan, gandjane sebut luntar radi pandjang, gandik radi gilig ageng, tikel alise pedjetan sogokan wijar djero landung resik sanget alus. siwilah ageng kandel dedeg landung, wesine alus anglumer kirang garing, pamorane ngawat sami Prambanan sadaja.
  66. JASANIPUN INGKANG SINUHUN PB KAPING IX SURAKARTA, Empu sisihanipun Djapan nama Supa Singawidjaja, ladjeng tumurun dateng anakipun Supa Djajawikatga, damelipun kaliyan ingkang rama sampun ngepleki, gandjane sebut luntar sebok memban, gandik memel, sogokan tikel alise pedjetan sami djero tjijut, landunge sedengan, sami resik alus sanget. Siwilah kandele lan dedege sedengan, luk-lukane bagus kirang keker, wesine alus anglumer mbludru, pamorane pandes alus sanget sami sekar Prambanan sadaja, gandik katah ngangge gana; gana sawer, gana sima, reni-reni beburon kadamel gana gandik, ingkang lugas tanpa gana inggih kathah.
  67. JASANIPUN INGKANG SINUWUN SULTAN NGAJOGYAKARTA HAMENGKUBUWANA KAPING IV, Empu Supa Bradjawedanala, gandjane batok mengkurep, kandel ageng wijar sebok, radi tjendak, gandik ageng memel sebok, tikel alise pedjetan widjar djero landung, sogokane tjijut djero landung, sami resik alus sanget, siwilah radi kandel ageng, dedeg sedengan, luk-lukane keker, wesine alus anglugud garing sanget, sekare mandes alus sami Prambanan sadaja.
  68. JASANIPUN INGKANG SINUWUN SULTAN NGAJOGYAKARTA HAMENGKUBUWANA KAPING IV, Empu Bradjawedanala sisihanipun Supa Bradjasinga, gandjane sebok sebut luntar radi tjekak, gandik radi landung memel sebok, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokan tjijut djero landung, siwilah kandele sedengan radi gilig, dedeg sedengan, luk-lukane radi keker, wesine alus anglugud garing sanget, pamorane alus mandes ngawat sami sekar Prambanan sadaja, dene tjirine gandik dipun kinatah Pandjiwilis.
  69. JASANIPUN INGKANG SINUWUN SULTAN NGAJOGYAKARTA H.B KAPING V, Empu Supa Bradjasinga, gandik ageng sebok landung, gandjane sebut luntar memban sebok radi pandjang, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokane tjijut djero radi tjendak, siwilah radi ngadal meteng, radi kandel lan gilig, dedeg sedengan, luk-lukane keker, wesine alus anglumer mbludru, sekare mandes radi agal, mubyar sanget, sekar Prambanan sadaja.
  70. JASANIPUN INGKANG SINUWUN SULTAN NGAJOGYAKARTA H.B KAPING V, Empu Bradjasinga, sisihanipun Empu Bradjamandala, gandjane sebut luntar ageng sebok radi pandjang, gandik ageng sebok memel radi landung, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokan tjijut djero radi landung, resik alus sanget, siwilah radi gilig kandel, luk-lukane keker dedeg sedengan, wesine alus anglumer beludru garing, sekare mandes ngawat sami mubyar, sekar Prambanan sadaja, denen tjirine bawang sebungkul kinatah kemamang, lan gandik kinatah pandjiwilis.
  71. JASANIPUN INGKANG SINUWUN SULTAN H.B KAPING VI NGAJOGYAKARTA, Empunipun Supa Bradjamandala. gandjane batok mengkurep kandel wijar sebok radi tjendak, gandik ageng sebok, tikel alise pedjetan wijar djero landung, sogokan djero tjijut radi landung, siwilah kandel dedeg sedengan, luk-lukane radi keker, wesine alus anglugud garing sanget, pamorane mandes ngawat abyor sekar Prambanan sadaja.
  72. JASANIPUN INGKANG SINUWUN SULTAN H.B KAPING VI NGAJOGYAKARTA, Empu Bradjamandala, sisihanipun Bradjalesana, gandjane sebut luntar sebok ageng radi tjendak, gandik sebok ageng, tikel alise pedjetan djero landung wijar, sogokane tjijut djero radi landung, resik alus sanget, siwilah radi nglimpa ageng dedeg sedengan, luk-lukane radi keker, wesine alus anglumer bludru, pamorane agal mandes mubyar Prambanan sadaja.
  73. JASANIPUN INGKANG SINUWUN SULTAN H.B KAPING VII NGAJOGYAKARTA, Supane ing Bajat nama: Kjai Djajamenggala, gandjane ageng radi pandjang kandel, gandik radi landung gilig sebok, tikel alise pedjetan djero wijar landung, sogokane djero wijar landung, luk-lukane kirang keker, siwilah kandel agenge sedengan dedeg radi landung, wesine anglugud garing sanget, pamorane kirang mandes sami selap-selap njalaka.
  74. Tanah Padjang Empu Supatjakra, gandjane sebut luntar radi pandjang, gandike gepeng, siwilah kandel dedeg landung, wesine gropok kasar, kirang garing, pamorane agal, tikel alise pedjetan sogokan tjetek wijar landung, luk-lukane kirang keker, pundi empu dipun timbak meksa wesine gropok, pasangan pamor agal amung radi memper sekedik, sanes agemipun para prijantun, dados boten angsal sabdaning Ratu.

Sumber :

“PAKEM PUSAKA” Duwung, Sabet, Tumbak. Babon asli tetilaranipun Suwargi R.Ng Ronggowarsito, Kaliwon Pudjangga Kraton Surakarta.

Lajeng kabangun sarta kasantunan Aksara Latin dening R. Ng Hartokretarto, Desember 1964 Ing Surakarta.


 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *